Wengi kang sepi,
Aku mung dhewe
Tanpa kowe
Cahyaning rembulan, mung ngumpet ing sakwaliking godhong
Sumebaring lintang, ora bisa ngramekake atiku kang sepi,
Malah saya nyepi
Mung guyumu,
Esemu,
Alus kulitmu,
Lan kalem tingkahmu kang gawe atiku rame
Kaya ramene pasar Krempyeng yen isuk
Nanging,
Aku mung bisa ngrasake,
Lan kowe ora bakal ngerti,
Rasa iki wis jero karo sliramu.....

Tidak ada komentar:
Posting Komentar